.SADULUR PAPAT Ing Kekayon wayang purwa,iku ana kono gambar
Macan, Bantheng, Kethek lan
Manuk Merak. Kocape kuwi
mujudake Sedulur Papat mungguhing manungsa.
Kewan cacah papat mau
nggambarake nafsu patang
warna yaiku : Macan
nggambarake nafsu Amarah,
Bantheng nggambarake nafsu Supiyah, Kethek
nggambarake nafsu
Aluamah, lan Manuk Merak
nggambarake nafsu
Mutmainah SEDULUR PAPAT LIMA
PANCER Njupuk sumber saka
Kitab Kidungan Purwajati
seratane, diwiwiti saka
tembang Dhandanggula kang
cakepane mangkene: Ana kidung ing kadang
Marmati Amung tuwuh ing
kuwasanira Nganakaken
saciptane Kakang Kawah
puniku Kang rumeksa ing
awak mami Anekakake sedya Ing kuwasanipun Adhi
Ari-Ari ingkang Memayungi
laku kuwasanireki
Angenakken pangarah
Ponang Getih ing rahina
wengi Ngrerewangi ulah kang kuwasa Andadekaken
karsane Puser kuwasanipun
Nguyu-uyu sabawa mami
Nuruti ing panedha
Kuwasanireku Jangkep
kadang ingsun papat Kalimane wus dadi pancer
sawiji Tunggal sawujud
ingwang Ing tembang
dhuwur iku disebutake yen ”
Sedulur Papat ” iku Marmati,
Kawah, Ari-Ari, lan Getih kang kaprahe diarani Rahsa.
Kabeh kuwi mancer neng
Puser (Udel) yaiku mancer ing
Bayi. Cethane mancer marang
uwonge kuwi. Geneya kok
disebut Marmati, kakang
Kawah, Adhi Ari-Ari lan
Rahsa kuwi? Marmati iku
tegese Samar Mati ! lire yen wong wadon pas nggarbini
( hamil ) iku sadina-dina
pikirane uwas Samar Mati.
Rasa uwas kawatir pralaya
anane dhisik dhewe
sadurunge metune Kawah, Ari-Ari lan Rahsa kuwi mau,
mulane Rasa Samar Mati iku
banjur dianggep minangka
Sadulur Tuwa. Wong
nggarbini yen pas babaran
kae, kang dhisik dhewe iku metune Banyu Kawah sak
durunge laire bayi, mula
Kawah banjur dianggep
Sadulur Tuwa kang lumrahe
diarani Kakang Kawah. Yen
Kawah wis mancal medhal, banjur disusul laire bayi,
sakwise kuwi banjur disusul
wetune Ari-Ari. Sarehne Ari-
Ari iku metune sakwise bayi
lair, mulane Ari-Ari iku
diarani Sedulur Enom lan kasebut Adhi Ari-Ari Lamun
ana wong babaran tartamtu
ngetokake Rah ( Getih )
sapirang-pirang. Wetune Rah
(Rahsa) iki uga ing wektu
akhir, mula Rahsa iku uga dianggep Sedulur Enom.
Puser (Tali Plasenta) iku
umume PUPAK yen bayi wis
umur pitung dina. Puser kang
copot saka udel kuwi uga
dianggep Sedulure bayi. Iki dianggep Pancer pusate
Sedulur Papat. Mula banjur
tuwuh unen-unen ” SEDULUR
PAPAT LIMA PANCER ” Ing
Kekayon wayang purwa
kang kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar
Macan, Bantheng, Kethek lan
Manuk Merak. Kocape kuwi
mujudake Sedulur Papat
mungguhing manungsa. Kewan cacah papat mau
nggambarake nafsu patang
warna yaiku : Macan
nggambarake nafsu Amarah,
Bantheng nggambarake
nafsu Supiyah, Kethek nggambarake nafsu
Aluamah, lan Manuk Merak
nggambarake nafsu
Mutmainah kang kabeh mau
bisa dibabarake kaya ukara
ing ngisor iki: Amarah : Yen manungsa ngetutake amarah
iku tartamtu tansaya
bengkerengan lan padudon
wae, bisa-bisa manungsa
koncatan
kasabaran ,kamangka sabar iku mujudake alat kanggo
nyaketake dhiri marang
Allah SWT. Supiyah /
Kaendahan : Manungsa kuwi
umume seneng marang kang
sarwa endah yaiku wanita (asmara). Mula manungsa
kang kabulet nafsu asmara
digambarake bisa ngobong
jagad. Aluamah / Srakah :
Manungsa kuwi umume
padha nduweni rasa srakah lan aluamah, mula kuwi yen
ora dikendaleni, manungsa
kepengine bisa urip nganti
pitung turunan. Mutmainah /
Kautaman : Senajan kuwi
kautaman utawa kabecikan, nanging yen ngluwihi wates
ya tetep ora becik.
Contone; menehi duwit
marang wong kang
kekurangan kuwi becik,
nanging yen kabeh duwene duwit diwenehake satemah
uripe dewe rusak, iku cetha
yen ora apik. Mula kuwi,
sedulur papat iku kudu
direksa lan diatur supaya aja
nganti ngelantur. Manungsa diuji aja nganti kalah karo
sedulur papat kasebut,
kapara kudu menang, lire
kudu bisa ngatasi krodhane
sedulur papat. Yen manungsa
dikalahake dening sedulur papat iki, ateges jagade
bubrah. Ing kene dununge
pancer kudu bisa dadi
paugeran lan dadi pathokan.
Bener orane,
nyumanggakake
.CARA BERTEMU SADULUR PAPAT kalau mau ketemu saudara
papat kita,puasa
pada hari kelahiran kita dan
malamnya tidur dengan tidak
mengenakan sehelai
benangpun (telanjang bulat) di sebelah pintu kamar tidur
kita. tp harus dilakukan
beberapa kali.. bahkan bisa
sampai 1 atau 2 tahun baru
bisa ketemu. kata eyang aku,
saudara kembar kita itu sangatlah mirip dengan kita.
dan saudara kembar kita
mengenakan baju/penutup
berwarna sesuai dengan kain
warna apa yg
membungkusnya dulu (warna kain utk bungkus ari-
ari)